091414016

091414016

Jumat, 25 Mei 2012

doa ( jawa)


Tanda Pamenthang ( † )
Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh suci.
Amin.

Sembah Bekti
Sembah bekti kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah.
Pangeran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem ,Sri Yesus.
Dewi Maria , Ibuning Allah ,
kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem ,
Samangke tuwin benjing dumugining pejah.
 Amin.

Rama KAwula
Rama kawula ing swarga,
Asma Dalem kaluhurna.
Kraton Dalem mugi rawuha
Karsa Dalem kalampahana,
Wonten ing donya , kados ing swarga.
Kawula nyuwun, rejeki kangge sapunika,
Sakathahing lepat, nyuwun pangapunten Dalem.
Kadosdene anggen kawula,
Ugi ngapunten dhateng sesame.
Kawula nyuwun tinebihna saking
Panggodha saha linuwarna saking piawon.
Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar